TNI - Polri Sinergi Sukseskan Pentas Musik






Cilacap,IMC - Anggota Koramil 08/Adipala sareng anggota Polsek Adipala Sinergi anggenipun nyuksesake pagelaran Musik Simphony of the Sand ingkang dibintangi kaliyan Fly Away. Ahad (28/01/18)

Pagelaran musik meniko dipun awontenake dening pemerintah Kecamatan Adipala kaliyan paguyuban Sodong cultur simphoni wonten ing objek wisata pantai sodong desa Karangbenda, Kecamatan Adipala, Kabupaten Cilacap.


Acara meniko dipun rawuhi  Ketua panitia  Sodong cultur simphoni, Bapak Prasetyo lan peserta band lokal cilacap kanthi jumlah peserta 15  (gansal welas) grup, ugi peserta lomba Sodong karnifal, Anggota Asosiasi Pemuda Pemudi Indonesia Cilacap (APPIC), Generasi Pesona Indonesia Cilacap (GENPI), soho warga masyarakat ingkang sami mriksani kirang langkung 1000.



Saderenge acara dipun wiwiti, bapak Prasetyo (Ketua panitia  Sodong cultur simphoni) ngaturake agenge panuwun kalian donga lan partisipasinipun kegiatan " Sidong cultur simponi ".

Kegiatan ingkang sampun dipun laksanake dinten kolo wingi antawisipun kebudayaan, sodong graphy, karnifal, rencana para peserta lomba ingkang dados juara badhe pikantuk hadiah arupi artho pembinaan lan pemenang  lomba band pikantuk hadiah Tropy.

Mugi-mugi acara meniko mboten wonten sambe kolo, nyuwun pangapunten bilih wonten kelepatan lan kekiranganipun, panggung ugi alat musik ingkang dipun asto kolo wingi sami risak amargi kengin badai angin topan, " atur bapak
Prasetyo.

Sa lajengipun  Bapak Prasetyo mbagi ake hadiah, ingkang pikantuk hadiah antasiwipun  Lomba Mewarnai juara 1 pikantuk  piala lan buku, Lomba Karnifal juara 1 pikantuk sartifikat lan artho Rp 750.000,-, Lomba Foto  grafer  juara 1 pikantuk sartifikat lan artho Rp 1.000.000,-, Lomba Band juara 1 pikantuk sertifikat, Lomba Tari  Kebudayaan juara 1 pikantuk hadiah vocer hotel lan kaos.

Wonten ing sela  acara  Serda Purwoko, Babinsa  Karangbenda ngaturake agenge panuwun kagem sedoyo pihak,  khususipun panitia ingkang  ageng jiwa seni anggenipun nggelar acara meniko, kito sedoyo mangertosi seni meniko aset kagem bangsa indonesia. (Pendim Cilacap)



Penulis : Serda Sutaryo
Penyunting : Bambang Herman

Post a Comment

Previous Post Next Post

نموذج الاتصال